Wolak walik ing zaman

Post a Comment

- Wolak walik ing jaman
- Sing penting dianggep ora penting
- Sing ora penting dipenting-pentingno
- Sing apik dielek-elek
- Sing elek dianggep apik
- Sing bener disalahke
- Sing salah dibener-benerke
- Sing jane tontonan dianggep tuntunan
- Sing mestine tuntunan malah dadi tontonan
- Ora ono manungso sing sempurno
- Ora ono manungso sing ora nduwe dosa
- Mulo podho enggal² tobato
- Mumpung durung ditimbali Sing Kuwoso
- Zamane zaman edan
- Akeh menungso podho lali karo pengeran
- Ngaku agamane Islam nanging ora gelem sembahyang
- Hobine maksiat sak ndalan-dalan
- Nyambut gawe podho sungkan
- Bandane negorone malah digawe rayahan
- Zamane zaman maju
- Akeh wong wadhon podho kemayu
- Yen bengi podho metu ngguya-guyu
- Mung trimo mamerne pupu
- Turut ngisor wit waru
- Jebule mung payu sewu
- Zamane zaman globalisasi
- Akeh wong wes lali karo dzat kang moho suci, duwit korupsi dianggep rejeki
- Akeh santri sing podho gak gelem ngaji
- Ugo akeh kyai sing lali karo santri
- Malah melu² rebutan kursi
- Manungso kuwi dititah podho
- Nanging yen masalah bondo dijatah bedo
- Mulo manungso iku wajibe mung usaha karo ndonga
- Entuk rezeki sepiro atine seng nrimo
- Gak usah meri karo konco sak podho²
- Akeh wong stres mergo uripe gak beres
- Rino wengi mung mburu ndonya
- Njur lali karo agomo
- Ojo podho ngersulo ndak gelis tuwo
- Wong yen nrimo uripe dowo
- Wong sing sabar rejekine jembar
- Wong yen ngalah uripe bakal barokah
- Sopo seng jujur uripe makmur
- Wong suloyo uripe rekoso
- Wong seng sombong amale kobong
- Sopo sing tlaten tembe mburi bakal panen
- Zamane wes zaman tuwo
- Akeh manungso wis angel ditoto karo tuntunane agomo
- Senengane malah podho gawe dosa
Tumindak dosa sak bendino podho ra kroso
- Sitik² ra ketoro
- Suwe² dadi cetho
- Koyo wong tumindak dosa dilakoni sak bendino
- Dosa lantaran omongan
- Lantaran kuping lan tangan
- Kadang² ora kroso mergo pancen wes kulino
- Sing ati² lan waspodho
- Menowo siro ngobrol karo konco
- Ngrasani tonggo
- Ngojah alane liyo
- Kadang ra rumongso awake gawe dosa
- Ayo mumpung durung telat
- Enggal² podho tobat
- Timbang ning akhirat siro mbesok nompo adzab
- Mung dosa sepele kang ora dirasake
- Nanging gedhe akibate marang awake dewe
- Mumpung isih urip
- Ngibadaho kanti tertib
- Ngelingono yen wes mati
- Ora bakal iso bali
- Mumpung isih waras
- Ibadaho kanti ikhlas
- Ngelingono yen wis lara
- Ora biso opo²
- Mumpung isih longgar
- Ibadaho kanti sabar
- Ngelingono yen wis repot
- Ibadah rasane abot
- Sing arep nambahi, monggo....

ainuxs
catatan2 yang mungkin bermanfaat suatu hari nanti....

Related Posts

:

Subscribe Our Newsletter