Aku pengen dadi wong sugih

Post a Comment
A : Aku pengen dadi wong sugih nemen ish…
B : Umume wong kwe ya pengen dadi sugih… lah sing wis sugih be esih ora puas,,, 
A : Apa ana wong puas trus ra butuh harta maning???
B : Ana, ngko yen wis ketekanan malaikat izrail, hartane kabeh ditinggalna, bahkan barang sing paling disenengi juga ditinggal…
A : apa kwe? 
B : Awak…awak sing nggal dinane diapik2 diayu2 dibagus2…kwe ditinggal….
A : (*(*^^(*&^(*(()_(^^%&##%%$^^ Iya..yah….Trus aku dadi wong mlarat bae??
B : terserah… yen siap…
A : lah trus sarane sampean aku dadi apa???
B : dadia wong sing sering2 syukur….
A : hehhehe….trus ben sugih pimen??
B : hahhaha…. Kyeh…sugih kwe sing ngerti wonglia bahwa dewek kwe sugih apa orane
A : maksude????
B : asale sugih kwe hemat, kerjane rajin trus temenanan kerjane, ngurangi mangan lan turu, ora mbebodo eben gawe wong pada percaya lan masrahake kerjaane maring awake dewek, hasile kwe dadi rejeki sing ora krasa, yen disyukuri terus sampai awake dewek kwe ra ngerti yen ws dadi sugih… sing ngerti disit malah wonglia… siki aku pan takon…bisane nt pengen nemen sugih sih??
A : go bekal urip oh…
B : Hahahahha…. Kyeh bekal urip kwe dudu sugih, tapi cukup duwe budi sing apik eben dewek kwe bisa dadi wong apik….ngko rejeki ngikuti dewek,,,wong rejeki kwe wis ana sing ngatur lan ws disiapna kabeh kok….
A : tapi aku sering ngrasa kurang terus…sih pimen kwe?
B : kwe karna kurang nyukuri apa sing ws ana, dadine ngrasa kurang terus….
A : hehehhe
ainuxs
catatan2 yang mungkin bermanfaat suatu hari nanti....

Related Posts

:

Subscribe Our Newsletter