mas... ati2 mas...

Post a Comment
A : mas... ati2 mas... ana wong sing kurang seneng karo sampeyan...
B : oh, iya ora papa...
A : lah bisa ne kur ora papa??? kae sering nyikut njenengan sing mburi koh... kayong sentimen nemen karo njenengan...
B : nembe nyikut... kanjeng Nabi bae dipataki ana apa koh...
A : ya sih, tapi kan bisane yah, kae wong koh bisa kaya kuwe nemen...
B : ya karena wonge durung kenal aku atawa juga ra pengen ngenal aku, sing dirasuki rasa iri, karna mungkin apa sing bisa tak kerjakna deweke ora bisa, atawa kae sugih aku mlarat, dadine iri pengen mlarat nean... hahahha
A : lah masa ana wong iri maring mlarat?
B : lah misale kae siki sugih... trus iri maring aku sing notabene secara duniawi luwih secuil daripada deweke, tapi kae wong iri, sikut ini itu, luwih parahe dudu hak e ya diembat, kwe udu ndadekna deweke sugih, tapi malah bakal ndadekna deweke mlarat,,,
A : bisane?
B : karna irine kuwe gawe ngrasa kurang terus, lah wong yen kurang kan pada ae wong kekurangan alias mlarat... hahhaha
A : hahahha,,,, iyayah...brati yen duniane akeh tapi esih ngrasa kurang kwe katone sugih tapi mlarat, lah yen wong duite secuil tapi disyukuri trus dirasa cukup,,,kwe katone mlarat tapi sugih yah mas???
B : yah, kurang luwih kaya kuwe... :D
A : :D
ainuxs
catatan2 yang mungkin bermanfaat suatu hari nanti....

Related Posts

:

Subscribe Our Newsletter